Jumat, 29 Maret 2013

Tips ujian cah Paremono


ujian nasional cen kadang dadi momok sing ketok medeni tapi percoyo'o karo awakmu dewe yen koe iso monggo disimak;


1. Sinau tapi ojo lali ngetuit ben ora sepaneng :))
2. Sakdurunge mangkat nggo ujian amrih apike pamitan nang wong tuo, bribikan, pacar, mantan, kawan dan lawan
3. Yen lagi seneng karo adik kelas segera di ungkapkan daripada mikirmu soal mengko malah dadi beban
4. Isilah jawabanmu dengan melingkar ora malah gawe gambar coret opo meneh nulis jeneng mantan. malah di snipper pengawasmu  
5. Garapen sing gampang, tinggalno sing angel, pomo angel kabeh yo wes deritamu :| 
6. Eling tanggal ujianmu ora malah ngeling-ngeling tanggal dadianmu   
7. ra oleh joged gangnam style opo meneh harlem shake nang ruang ujianmu, iso mempengaruhi daya pikirmu
8. iki penting pastikan lembar jawabmu adalah milikmu, udu milik kancamu. malah dadi judul sinetron lembar jawab yang tertukar mengko :|
9. Nurun kui oleh yen ora konangan. gunakno prinsip kui. tapi ora njuk nirun garapane mantan, malah gelo koe mengko
10. yen wes bener-bener ra kuat olehmu garap soale, dadah-dadah'o nang ccttv

sekian TipsUjianNasional semoga berguna dan salam sukses

Rabu, 27 Maret 2013

kelakuan mantan nak uwis pedottt

sik-sik aku moco judule malah kekel. iki ora bermaksud ngebully opo meneh nyindir.
mumpung lagi selo sore iki paimin pengen berbagi opo wae kelakuan mantan sakwise pedot.
mergo di sekitar paimin uaaaaakeh kedadean koyo ngene. keep calm and love PAREMONO


1. Ngaku nang wong liyo opo nang kancamu yen sing medot dekne :))
umum'e dua sejoli koyo ngene biasane berawal soko salah sijine sing super posesif, rewel njuk pengene koe nuruti dekne terus. ha udu presiden kok njaluk dituruti :)) nah soko kono biasane koe muncul rasa bosen njuk suwe-suwe pegatan. tapi dekne ngakune nang wong liyo opo nang kancamu yen sing medot dekne

2. Dekne pinter memutar balikkan Fakta
dadi pas bar pedot mergo dekne sing posesip cemburune ra wajar biasane dekne pinter le menarik perhatian soko kanca-kancamu. carane yo memutar balikkan fakta njuk ngelek-ngelek koe

3. Pencitraan Asuk! :))
iki paling pinter meneh. kudune sing merasa bersalah kono. ha dekne malah gawe pencitraan nang socmed sing gawe koe malah sing salah contohne :

"rapopo kowe ngelek-ngelek aku, tapi sejatine koe isih nang atiku"

padahal, catet cyint! sumber masalah'e dewe yo soko dekne

4. Dekne dadi sering nyedaki kancamu
Tujuane opo jal? Jelas! Tujuane yo mung nggo golek dukungan. yen sing salah sakjane koe udu dekne. yen kancamu kui bener-bener ngerti koe kudune luwih percoyo karo kowe bukane karo dekne

5. Dadi Sering Golek Perhatian
pas mbukak twitter dekne mesti ono, mukak pesbuk dekne yo ono, durung yen koe due bb opo wasap nang statuse terus ganti-ganti. tujuane opo? tujuane opo tujuane ben koe moco njuk koe merasa iba, iba dengkulnya yak'e :))

Salam Suksyes !!

sumber : WK

fakta dino senin

monggo sekalian sareng-sareng ditingali fakta dina senin.
luput orane tergantung kowe dewe sing nyimpulne :))
1. akeh sing sambat "i hate monday"
2. nggo mesem wae angel
3. mendadak akeh sing sambat berjama'ah
4. mbuh pegawe mbuh pelajar pengene do nelat
5. dudu bab gengsi onone mung sensi
6. akeh pencitraan, ben diarani semangate tenanan
7. akeh sing mbahas bab liburan :))
8. sing do LDRan galone soyo ra tahan yen di sawang sinawang :))
9. jelas senin iki sing enek mung mbahas roso males daripada roso mbully :))
iku nembe sekelumit fakta dino Senin.

sumber : WK